Friday, 16 December 2016

Nemtokake Struktur Teks Geguritan lan Penjelasanne

Hari ini, kami akan memberikan sebuah materi terkait Nemtokake Struktur Teks Geguritan. Di artikel ini akan dijelaskan tentang struktur fisik dan struktur batin di teks geguritan. Berikut artikelnya untuk anda.


Geguritan

Geguritan utawa dicekak guritan yaiku sawijine karya sastra kang basane cekak, mentes lan endah. Geguritan asale saka tembung "gurit", kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Geguritan kaperang dadi loro yaiku geguritan gagrag lawas lan geguritan gagrag anyar (puisi Jawa modern)
Titikane geguritan gagrag lawas yaiku:

  • Diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit.
  • Lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra.
  • Guru lagu (rima utawa pola persajakan) pinathok.
Wondene wangune geguritan gumantung saka kreativitas panggurit. Lumrahe ing geguritan nduweni struktur kaya ngisor iki.

Struktur Fisik Geguritan

  • Tipografi (Bentuk Geguritan)

    • Yaiku wangun geguritan kang tinulis ora ngebaki larik lan ora kudu kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital), sarta ora dipungkasi tandha titik (.) utawa tandha pawacan liyane.

  • Diksi (Pilihane Tembung)

    • Yaiku pamilihe tetembungan kang maknane mentes (padat), kang bisa negesi pirang-pirang kekarepan kanthi nggatekake larasing unine tembung.

  • Imaji (Pengungkapan Pengalaman Indrawi)

    • Yaiku rerangken tetembungan ing geguritan bisa medharake pengalaman indrawi, kayata: paningal, pangrungon, lan pangrasa, saengga pamaos bisa kagawa ing swasana kaya kang dialami panggurit. Imaji kaperang dadi 3, yaiku: imaji swara, imaji paningal, imaji raba/sentuh.

  • Tembung Konkret 

    • Yaiku tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa nuwuhake imaji. Tembung konkret ing kene bisa arupa pepindhan (kiasan) uatawa pralambang. Tuladha: bun (embun) bisa dadi pralambang wening, niyat suci, tulus, endahing swasana esuk, lsp.

  • Busananing Basa (Gaya Bahasa)

    • Yaiku panggone basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake anggepan (konotasi) tartamtu sarta bisa nuwuhake rasa kaendahan.
  • Wirama (Rima)
    • Yaiku runtuting swara ing geguritan kang bisa ing wiwtan, tengah, utawa ing pungkasaning gatra (larik)
Struktur Batin
  • Tema/Makna (Sense)
    • Yaiku kekarepan utawa maksud tartamtu kang kinandhut ing saben tembung, gatra (larik), pada (bait), lan sakabehe pada ing geguritan.
  • Rasa (Feeling)
    • Yaikut pandungkape rasa (sikap) panggurit tumrap bakune pirembugan kang kinandhut ing geguritan kang ditulis. Pandungkape rasa kang kinandhut ing geguritan iki ana sambung rapete karo blegere (sosok/latar belakang) panggurit, yaiku saka latar belakang agama, pendhidhikan, jenis kelamin, kelas sosial, jabatan/kedudukan ing masyarakat, umur, pengalaman sosilogis lan psikologis, lan kawruh (pengetahuan) panggurit.
  • Nada (Tone)
    • Yaiku kekarepane panggurit marang pamaos salaras karo isine geguritan. Kekarepan iki bisa arupa pesen kang sipate ngguroni (menggurui), ndhikte (mendikte), kerja sama, ngudhari prakara (memecahkan masalah), masrahake (mborong kersa) marang para maos, lan sapiturute.
  • Amanat
    • Yaiku pesen kang kang kinandhut ing geguritan kang diandharake panggurit marang pamaos.
Dikutip dari Wiyata Basa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI

Terimakasih atas kunjungannya. Semoga bermanfaat.

No comments:

Post a Comment